PAWARTA
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani
sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran,
internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining
informasi kang karacik sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati
(penting). Informasi sing wigati mau
sinebut pokok informasi. Kaidah kebasaan ana ing berita kaidah kang kudu ana
yaiku teks kudu disajekne aktual lan sifate umum. Ana ing pawarta ana pokok-pokok isi kang kudu
dilapurake, yaiku kanthhi mangsuli pitakon, apa, sapa, ing ngendi, kapan,
genea, utawa kenangapa lan kepriye.kang sinebut 5w + 1 H.
1.
What (apa), ateges masalah
utawa bab kang didadekake pawarta
2.
When (kapan), wektu prastawa iku kadadean
3.
Where (ing ngendi), ateges papan panggonan kadadean prastawa
4.
Why ( kenangapa), sebab prastawa mau kedadean
5.
How ( Kepriye, pira), yaiku proses kedadean prastawa.
Perangan pawarta
Perangan pawarta ing
antarane yaiku:
-
Headline (judul/irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan
kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca,
(2) nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa
gambar.
-
Deadline (batas wektu)
Ancas deadline yaiku nuduhake
papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng
media massa, papan, lan
tanggal kedadeyan.
-
Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing
wiwitan pawartaling paragraf kapbisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan
kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake
sakabehe pawarta
-
Body language
(surasane pawarta,
bahasa tubuh)
Surasane nyritakake
prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi
mangkono body language minangka pangembange pawarta.
Sifat pawarta
a. Aktual (anyar). Bab-bab kang anyar luwih
becik tinimbang pawarta lawas.
b. Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa
kang dumadi ing sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
c. Penting. Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang
penting,amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung,
d. Akibat. Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi kahanan.
e. Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng
nyetitekake pawarta kang surasane cecongkrahan
f. Tintrim (ketegangan). Tuladhane: nalika nulungi
wong ing kacilakan.
g. Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian luwih narik
kawigaten pamaose.
h. Emosi, sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake
nesu, susah, tangis, gela. Tuladha: nemokake bayi ing
pawuhan.
i.
Humor, gawe sengsem, mesem,
lan guyu.
Nilai pawarta
Ora saben pawarta iku bisa
diwartaake utawa "layak muat". Supaya bis a diwartakake, pawarta iku
kudu duwe karakteristik utawa nilai berita. Nilai berita iku digunakake kanggo ngukur
sawijining pawarta iku trep diwartakake utawa ora. Sansaya becik lan trep nilai
kang kamot bakal luwih patut diwartakake. Kosok balene yen nilai kang kamot iku
ora trep, tegese pawarta iku ora layak diwartakake. Ngenani nilai pawarta, ana
pangerten kang ngandharake patang nilai pawarta
(Syamsul M. Romli), yaiku:
a. cepet, yaiku aktual lan pas
wektune. Pawarta iku sabisa-bisane ngandharake sawijining bab/prastawa
kang anyar.
b. nyata yaiku informasi
babagan sawijining fakta kang dumadi
saka kedadeyan nyata, panemu,
lan pratelan sumber pawarta.
c. penting,
yaiku sesambungan karo wong akeh.
d. menarik,
yaiku bisa narik kawigatene para pamiyarsane.
Saliyane iku, nilai pawarta bisa disemak saka papan kedadeyane, bisa ngowahi
panemu utawa pola pikir,
ngemot tokoh-tokoh
penting, prastawa kang ngedab-edabi, nggugah rasa, lan anyar
Etika nulis pawarta
a. Objektif
Ing babagan iki panulis ora
kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadhi lan sponsor. Pawarta
kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane dumadi.
b. Cover both side
Pawarta iku kudu imbang aja
abot sisih, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung
karo pawarta kasebut.
Teknik nulis pawarta (tahap)
a. Pengorganisasian/nglumpukake
fakta utawa data. Dara ing kene bisa awujud
wawancara (wawan rembug), kedadeyan langsung,
utawa data-data tinulis.
b. Nemtokake
teras berita (lead).
c. Milih
tembung-tembung kang jumbuh
karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah- enjah/dilompati
supaya ora mbingungake pamiyarsane.
d. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
1.
Teknik Membaca berita Berbahasa Jawa (Pawarta)
a. Wicara, yaiku anggone micara nalika
macakake pawarta ora oleh seru banget utawa alon banget. Kudu nggatekake artikulasi.
b. Wiraga, wong kang lagi maca pawarta
awake kudu jejeg, ora oleh ndingkluk utawa tegang, uga tangane kang sisih kiwa
ana ing ngarep lan tangan tengene ing mburi. Utawa diarani ngapurancang.
c. Wirama, menawa maca pawarta kudu nggatekake intonasi utawa lagu ukara, jeda lan irama, ora entok cepet banget uatawa alon banget.
d. Wirasa, nalika maca pawarta kudu nggatekake wirasa utawa kaya kepiye rasane maca pawarta kang duweni bab tertampu, ora oleh maca pawarta lelayu kanthi guyon.
Tuladha Pawarta:
Narendra Ngrebut Medali Perunggu Olimpiade
Matematika Internasional
Kanthi sinau kang ajeg lan bisa
ngatur wektu antarane sinau lan dolanan (bermain) sarta kairing donga sawise
sinau lan sawise nindakake pangibadahan, Narendra bisa methik asile kang cukup
nyenengake tumrap dhirine lan keluwargane sarta masarakat lan negarane.
Narendra Erwin Ardana siswa kelas IA
SD Negeri Dodean 1, Sidoluhur Godean, Sleman, DIY kang durung suwe iki kasil
ngrengkuh presatasi kang cukup nyenengake tekan tingkat Internasional ana ing
Olimpiade Matematika Tahun 2018 ing Thailand.
Wali kelas IA Dra Jeminah kaampingi
Kepala SD N Godean 1 Ngabidi, S.Pd nerangake sadurunge makili negara Indonesia,
Narendra melu seleksi ing SD MUhammadiyah Sapen. Pungkasane Narendra putra
pambarepe keluarga Bapak Erwin Endaryanto lan Ibu Ratna Mustika Sari kang
pidalem ing dhusun Mladri, Margokaton, Sayegan, Sleman kasebut bisa kapilih
makili Indonesia ana ing Internasional Matematika Olimpiade Final Round 2018
ing Thailand. Kegiyatane diadani 20 tekan 23 Februari 2018 ing Bangkok,
Thailand.
Ana ing acara kasebut Narendra kasil
ngrebut medali perunggu. Dene wakil seka Indonesia kabeh ana 19 siswa. Nalika
ditemoni Djaka Lodang Narendra cukup seneng banget karo prestasine kasebut.
Sakawit dheweke mlebu siswa 19 sing makili Indonesia ana ing olimpiade
matematika kasebut wis klebu presatasi kang cukup nyenengake. Kanyata dheweke
malah bisa ngrebut medali perunggu, satemah bener-bener bisa nambahi pengalaman
kang banget migunani. Dheweke uga ngajak
marang kanca-kancane supaya terus sinau kanthi ajeg lan bisa ngedum wektu
kanthu becik. [Akh]
Sumber: Djaka Lodang. Rubrik Warta Ringkes: 44 (kol 1-2).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar