Teks Kejadian Alam dalam Bahasa Jawa
Ing dina Minggu esuk, aku tangi tabuh setengah 5. Aku solat subuh banjur mbantu ibu blanja ana ing peken, nalika aku arep menyang peken ing sisih wetan Gunung Mrapi mbledos kanthi swara “DYARRRR!!!!” Swarane katon banter banget.
Aku keweden, langsung nggoleki ibukku amarga lemah anggonku ngadeg krasa obah kiwa-tengen. Saking kewedene aku nyeluk-nyeluk ibukku. “IBUK!! IBUK!!” aku langsung mara menyang ibukku banjur digendhong menyang ngisor meja kanggo nglindhungi sirah.
Sawise 5 menit, aku digendhong ibu menyang lapangan kang amba, supaya ora ketibanan bangunan nalika ndhelik ing njero ngomah lan masthekake nalika swasana sampun aman.
Cara ngehindari gempa bumi:
1. Ndhelik ing ngisor meja
2. Golek papan panggonan kang amba
Kang nyebabake gempa bumi:
1. Gunung mledhos
2. Bledhosan Ageng




Tidak ada komentar:
Posting Komentar