Rabu, 11 Agustus 2021

Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha

Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan.

Tuladha Crita Legendha:

Gua Kreyo

Gua Kreyo kalebu crita legendha kang asale saka kutha Semarang. Critane yaiku jaman biyen, Sunan Kalijaga bisa wawan pangandikan karo kewan lan witwitan. Ing dhaerah kono ana gunung jenenge Gunung Gombel, Gunung Gombel duweni kathah wit jati, bajur nalika Sunan Kalijaga arep njupuk kayu jati kang arep digawe kanggo nyangga Masjid Agung Demak, pranyata wit jati iku wis ora ana.

Sunan Kalijaga banjur nggoleki menyang ngendi pindhahe wit jati mau. Anggone nggoleki nganthi tekan alas kang dhuwur kanthi sebutan Guwa Kreyo. Ing kono, Sunan Kalijaga nemokake kayu jati sing ana ing Gunung Gombel, ananging kayu kasebut angel banget dijupuk. Sunan Kalijaga banjur semedi ana ing cedhak guwa. 

 

Nalika Sunan Kalijaga semedi ana ing cedhak guwa, ana wanara cacah papat marani Sunan. Wanara mau werna wulune abang, kuning, putih, lan ireng. Para wanara kuwi ngandharake marang Sunan manawa bakal ngrewangi Sunan Kalijaga mundhut kayu jati kang angel dijupuk mau. Sunan Kalijaga lan wanara-wanara mau nggawa kayu Jati menyang Kraton Demak lan bakal digunakake kanggo nyangga masjid Demak. Para wanara kuwi kepengen melu mbangun sangga mesjid Demak ananging karo Sunan Kalijaga ora ngolehke amarga wujude dudu menungsa.


   


Nanging kanggo bales budi merga wis diewangi njupuk kayu jati, para wanara kuwi mau diparingi Sunan Kalijaga dhaerah kekuwasaan ing sisih wetan lan diparingi kuwasa “ngreho”. Ngreho tegese ngopeni utawa njaga. Saka tembung ngreho kuwi, mula dijenengi laladan Guwa Kreyo sing dijaga karo para wanara. 


Teks Peristiwa/Kejadian Alam Bahasa Jawa

Teks Kejadian Alam dalam Bahasa Jawa

Ing dina Minggu esuk, aku tangi tabuh setengah 5. Aku solat subuh banjur mbantu ibu blanja ana ing peken, nalika aku arep menyang peken ing sisih wetan Gunung Mrapi mbledos kanthi swara “DYARRRR!!!!” Swarane katon banter banget. 

Aku keweden, langsung nggoleki ibukku amarga lemah anggonku ngadeg krasa obah kiwa-tengen. Saking kewedene aku nyeluk-nyeluk ibukku. “IBUK!! IBUK!!” aku langsung mara menyang ibukku banjur digendhong menyang ngisor meja kanggo nglindhungi sirah.


Sawise 5 menit, aku digendhong ibu menyang lapangan kang amba, supaya ora ketibanan bangunan nalika ndhelik ing njero ngomah lan masthekake nalika swasana sampun aman.


Cara ngehindari gempa bumi:

1.  Ndhelik ing ngisor meja 

2.  Golek papan panggonan kang amba 


Kang nyebabake gempa bumi:

1. Gunung mledhos







2. Bledhosan Ageng 



Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan. Tuladha Crit...