Rabu, 14 Juli 2021

Materi Gamelan

 

TEKS EKSPOSISI GAMELAN 

Wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos bisa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane iki bisa ditindakake lumantar sadhengah cara njlentrehake, ing antarane proses lan ilustrasi.

 

Bab kang dijlentrehake ing karangan/wacana eksposisi bisa awujud:

1.        Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi cetha),

2.     Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta,

3.     Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

 

Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki:

1.     Njlentrehake panemu, gagasan, lan keyakinan:

2.         Mrelokake fakta kang dikuwatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute,

3.     Mrelokake analisis lan sintesis nalika ngonceki bahan Ian fakta,

4.     Nggoleki sumber ide saka pangalaman, pangamatan, sikap, lan keyakinan.

 

Pathokan panulise eksposisi.

1.     Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.

2.     Isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.

3.     Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake.

4.     Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.

5.       Ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pambuktiane).

6.     Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.

7.     Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake.

8.     Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

 

Kanggo nambahi wawasan lan pengerten babagan gamelan, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jinis lan perangane.

1.     Kendhang yaiku perangan gamelan kang cara nabuhe dikeplak ngango epek-epek (tlapak tangan). Perangan gamelan iki penting banget amarga minangka pengatur irama, kalamangsa uga minangka pambuka gendhing. Kendhang ginawe saka kayu kang dibolongi nganti tembus banjur bolongan iku ditutup nganggo kulit kewan, kayata sapi, kebo utawa wedhus. Jinising kendhang ing antarane: kedhang ketipung, kendhang ciblon, kendhang bem, lan sapiturute.

2.     Gambang yaiku piranti gamelan kang ginawe saka kayu blebekan. Umume ana pitulas nganti selikur blebek/wilah. Gambang kasusun jejer-jejer urut saka nada cendhek nganti tekan dhuwur dhewe. Piranti kang digunakake kanggo nabuh ana loro, kang dibuntel nganggo kain supaya ngasilake swara kang empuk wujude kaya ban kang disunduk sesisih. Piranti gamelan iki digunakake kanggo melodi utawa pangiringe.

3.     Perangan gamelan liyane yaiku rebab, suling, gong, bonang, saron, slenthem, siter, kenong, lan sapiturute.

 

Tuladha 1

Gamelan Minangka Pendidikan Karakter Bangsa

Gamelan minangka saperangan instrumen/piranti kang kamot ing seni karawitan, Karawitan kawitan saka tembung rawit kang ateges diri, alus, luwes, endah. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirasakake mula kanthi nggatekake laras. Imbanging laras ing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras lan runtut. Bisa njaga cipta, rasa, karsa, lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka terabuhan gamelan. Tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang ditabuh iku beda -beda nanging anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad, lan nggatekake piranti gamelan liyane. Iku nuduhake lamun gamelan nalika ditabuh ora suk-esukan, dhisik-dhisikan, lan pengin menang dhewe. Kanthi mangkono, nulad saka tetabuhan gamelan bisa minangka dhasar mujudake karakter bangsa kang becik.

 

Tuladha 2

Gamelan kanggo Tamba Ati

Jaman iki sansaya maju. Pamikirane bebrayan ya tambah maju. Semono uga, ngenani ngrembakane  musik kang dadi kekaremane bebrayan, uga tambah akeh pilihane lan keblate menyang nagara-nagara maju. Dene musik-musik lokal lan tradhisional malah dikiwakake, mligine dening generasi mudha saiki. Ngendikane Bambang Suhendro, guru SMKN 8 Solo, apa kang kelakon iku sajane salah kaprah. Sebab, musik tradhisional saiki malah dadi golekane bangsa maju, contone gamelan. “Jroning gamelan, cara tabuhe nggunakake rasa lan ngamot rasa kang jero lan tandhes Sarta piwulang luhur. Gamelan bisa dadi tamba ati. Ing nagara modheren malah kanggo piranti terapi,” pratelane Bambang, nalika ditemoni sawetara wektu kapungkur.

(kapethik saka Solopos, 26 Februari 2011)


sumber gambar 

https://www.google.com/search?q=gamelan&tbm=isch&ved=2ahUKEwisgJackuTxAhXtkksFHUZMC-kQ2-cCegQIABAA&oq=gamelan&gs_lcp=CgNpbWcQAzIFCAAQsQMyBAgAEEMyAggAMgIIADIECAAQQzIECAAQQzIECAAQQzICCAAyAggAMgIIADoECAAQEzoICAAQBRAeEBM6CAgAEAgQHhATOgcIABCxAxBDUKyXDliMtA5gi7kOaABwAHgBgAH1C4gBqRySAQ0wLjEuNS0yLjEuMC4xmAEAoAEBqgELZ3dzLXdpei1pbWewAQDAAQE&sclient=img&ei=m6zvYOzGFe2lrtoPxpityA4&bih=627&biw=1326&client=opera&hs=mOu

GEGURITAN

 Pangertene geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Tegese ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-tembung rinengga (purwakanthi swara, sastra, lan basa). Mula geguritan ing kawitane mung cekak nanging nggunakake tembung-tembung kang duwe nilai estetika dhuwur. Wujud geguritan iku saemper karo sair (syair). Panulise kanthi bait -bait/gatra. Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat. Masarakat Jawa wis kenal geguritan (puisi) kawit jaman kuna-makuna. Ing jaman masarakat migunakake basa Jawa kuna wis dikenal wujud geguritan sing diarani kakawin. Wujud prosane sinebut parwa. Rikala ing jaman basa Jawa tengahan utawa jaman Majapahit, geguritan katelah kidung. Ing jaman Ma taram tekan jaman Surakartanan, geguritan katelah tembang, wujude tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik utawa Macapat. Ing jaman kamardikan rikala tahun patang puluh limanan ana geguritan ning beda banget karo geguritan jaman saiki sing bebas wujude. Jaman patang puluhan geguritan biasane kawiwitan saka tembung sun gegurit'. Ana panemu manawa geguritan iku kalebu puisi bebas kang awujud tetembungan, ukara, unen-unen kang ora nganggo paugeran baku, nanging sing dipentingake endahe basalan susast rane. Kanggo mujudake geguritan bisa rinasa endah salah sijine cara yaiku nggunakake basa rinengga kayata purwakanthi, bebasan, pepindhan, panyandra, lan sapiturute. Geguritan kuwi apike dirungokake amarga miturut ahli sastra Roman Ingarden geguritan kuwi ibarate kaya dene kue lapis. Miturut Riffaterre, geguritan ibarate kue donat, lapis sepisan kuwi uni utawa swara, mula apike geguritan kuwi kudu diwaca. Ana bab-bab kang wigati lan prayoga disetitekake nalika maca geguritan, yaiku bab teknis lan nonteknis. Bab nonteknis kayata nggatekake panggonan pamaca. Tuladhane ing ruang ngendi, pira sing ngrungokake, ana ing jaba utawa jero ruangan. Bab iki penting kanggo nemtokake seru lan orane swara. Kapindho nyetitekake para pamirsa nalika maca. Tegese nggatekake cacahe pamirsa kang ana ing jero ruangan, rame lan orane sing padha guneman, kanggo nemtokake konsentrasi lan ngajab para pamirsa migatekake pamacane geguritan. Bab teknis sing prelu digatekake yaiku: sadurunge maca kudu mangerteni surasane geguritan. Carane kanthi maca batin murih mangerteni surasane. Kapindho nggoleki tembung-tembung sing digunakake kanggo ngemot surasane geguritan. Tembung-tembung mau sing tundhone kawaca kanthi tekanan. Sabanjure maca kanthi tembung-tembung kang cetha (/afal) lan jeda kang trep adhedhasar surasane tembung, kang ngemot teges. Teges, jeda pamacaning geguritan ora sakepenake nanging adhedhasar satuan semantis.

Tuladha:

Mendhung ing wayah esuk dakdumuk ora gadug

Lan ing wayah sore mendha saya dhuwure

 

Jeda (/) ing pamaca mendhung ing wayahlesuk dakdumuk ora bener amarga wayah esuk kuwi satuan semantis. Kudune mendhung ing wayah esuk/dakdumuk ora gadug. Bab pamedhote tembung beda karo tembang. Anoman ma-/lumpat sampun. Ing kene bedane maca geguritan karo nembang macapat. Sabanjure pamacane tembung uga lelandhesan surasa. Ing kene diandharake menawa pamacane tembung kuwi khas antara siji lan sijine (sipat personal).

Geguritan kalebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi maksud liya. Geguritan kuwi asipat konotatif, tegese duweni pangerten kang beda karo pangerten ing kamus. Mula geguritan uga duweni sipat ekspresi ora langsung sajiwining kagiyatan utawa aktivitas basa sing ngudharake karep kanthi cara liya. Gamblanging tembung, yaiku ngudharake rasa pangrasa ora kanthi langsung. Mula basane katelah basa sing khas. Kekhasane basa merga disebabake dening telung prakara.

1.     Merga ngganti teges carane nganggo lelewaning basa utawa pepindhan

2.     Ngenggokake teges kanthi cara purwakanthi

3.     Ngripta teges kanthi cara pembaitan

Tembung-tembung sing kepilih adhedhasar swasana kang nimbulake daya kayal (imaji). Kanthi migunakake basa kias (basa rinengga) utawa lelewaning basa, lan purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita ndadekake basa geguritan kuwi endah yen diwaca lan dirungokake. Senadyan cekak aos, nanging duwe kekuwatan.


Unsur-unsur geguritan

Geguritan iku kawangun saka unsur fisik lan batin. Dene katrangane kaya mengkene.

a.  Unsur fisik, yaiku:

-          Diksi yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung: tembunge utama ing geguritan. Ing perangan iki isa awujud irama lan rima.

-          Citraan yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose. - Majas yaiku wujud ukara kang isa narik kawigaten.

-          Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunake isa narik kawigate mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.

-          Tipografi yaiku wujud geguritan iku isa narik kawigaten

b.  Unsur batin, yaiku:

-  Tema

Kanggo mangreteni geguritan, pamaca kudu ngreteni tema lan makna geguritan kang pengin dikandhakake penyair. Tema yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema gumantung penyair. Pamaca akeh sithik kudu ngreteni latar belakang penyair supaya ora kleru nafsirake tema geguritan kasebut. Mula iku, tema asipat khusus, objektif, lan lugas.

Tema kang kerep digunakake ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema kamanungsan, tresna, patriotisme, perjuwangan, urip kang gagal, alam, kritik sosial, keadilan, demokrasi, lan tema kekadangan (persahabatan).

-    Perasaan/rasa pangrasa

Rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa iku.

-  Nada/irama

Nada yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep pangripta marang riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis isa nitik kepriye andharane pangripta. Kang isa klebu perangan iki yaiku irama lan rima. Irama utawa ritme ana sesambungane karo pengulangan swara, tembung, frasa, lan ukara. Ing geguritan irama bisa awujud pengulangan tembung kanthi tratur nuwuhake gelombang swara kang nuwuhake kaendahan. Irama uga bisa ateges owah-owahan saka banter-alon, dhuwur-cendhek, utawa dawa-cendhake tembung kanthi ngulang makaping-kaping kang ancase nuwuhake gelombang swara supaya gawe endahe geguritan. Kanthi ngulang tembung kunci utawa tembung penting isa gawe makna tembung kuwi dadi mbangetake.

-  Amanat/pitutur Lumantar tulisan, pangripta geguritan isa ngandharake pesen kang bakal dijlentrehake.

 

Geguritan klasik

Titikane geguritan klasik/kuna yaiku:

a.  Lumrahe diwiwiti tembung sun gegurit.

b.  Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.

c.  Cacahing wanda saben gatrane padha.

d.  Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi. Tuladhane:

Sun gegurit

Tur kabeh padha ngemuti

Wong kang miskine kepati

Supaya padha mangerti

Bungah susah amratani

 

4.     Jinis geguritan

Geguritan (puisi) yaiku pametuning rasa pujangga (pengarang) kang tinulis ing tembung -tembung lan karakit adhedhasar larik lan pada (baris dan bait). Anggone medharake ras pangrasa pujan gga bisa nggunakake basa figuratif kanggo medharake makna jamak kang akeh-akehe kanthi pamilihe tembung (diksi) kang endah lan ngirama. Basa figuratif bisa kawangun saka anggone nggunakake gaya basa. Anggone nggunakake diksi bisa nyulihi lan nginspirasi sawijining gagasan kanthi universal. Yen kabandhingake karo jinis sastra liyane, geguritan minangka jinis kang duwe wujud wedharan kang cekak lan aos. Babagan ini bisa dadi pengaruh tumrap para pamaca ing pangudi mahami isine, pamaca banjur bisa nggoleki makna kang kamot sajrone geguritan, Kanggo ngreteni lan mahami surasane geguritan, awake dhewe kudu ngreti jinis -jinise geguritan. Adhedhasar surasane kang kamot jrone geguritan ing jaman saiki kayata:

a.   Ode. Geguritan kang surasane ngemot pangalembana marang wong liya, negara apadene kang dianggep luhur.

b.  Himne. Geguritan pangalembana marang Gusti Kang Mahakawasa.

c.  Elegi. Geguritan kang surasane panalangsa. Geguritan iki njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati.

d.  Epigram. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.

e.   Satire. Geguritan kang surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep/sinis tumrap sawijining bab

kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan.

f.  Romansa. Geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing maneka warna bab.

g.  Balada. Geguritan kang surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa mung lamunane pujangga.

 

Trap-trapan panulise geguritan iku kaperang dadi telung trap kang penting

a.   Nemtokake ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa golek informasi lumantar maca, nonton, lan ngrasakake marang prastawa lan pengalaman pribadi, sosial masarakat, utawa universal (kamanu ngsan lan ketuhanan).

b.   Nyaring, milih utawa nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan) kang narik kawigaten saka tema kang dianggo. Sabanjure mikirake, ngrenungake, lan nafsirake tema jumbuh karo konteks, ancas, lan pangreten kang diduweni.

c.   Ngripta geguritan, minangka proses kang kudu ditindakake kanthi tliti, awit panulise mbutuhake kreatifitas, intuisi, lan imajinasi, sarta pengalaman lan kaprigelan. Mula saka iku, ing proses iki dibutuhake kaprigelan nemtokake tembung lan ukara kang trep, cekak, aos, endah, lan nengsemake. Sabanjure isa ngasilake tembung- tembung kang bermakna, kabentuk, karakit, lan kaweka minangka geguritan.

 

Trap-trapane Ian cara kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan

a.   Maca lan njingglengi geguritan wiwitan nganti pungkasan. Pakaryan iki isa nemokake gegambaran kanthi global utawa proses penafsiran kawitan.

b.  Nggoleki materi-materi kang penting:

-  Irah-irahan (judul) geguritan

-  Tembung kunci

-  Gaya basa (majas)

-  Simbol-simbol

c.  Negesi lan gawe dudutan surasane geguritan

d. Nggancarake nggunakake basane dhewe

Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan. Tuladha Crit...