Rabu, 14 Juli 2021

ADAT JAWA

 

PENGANTEN ADAT JAWA 

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane :

1.      Lamaran

Tata cara iki minangka wiwitane omah-omah. Ing acara iki penganten kakung dolan menyang kulawarga penganten putri kanthi ancas nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga. Lamaran iki bisa lumaku nganti tekan pahargyan nganten yen panglamare penganten kakung ditampa.

2.      Siraman

Ing acara iki temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi ancas reresik raga lan jiwane, supaya ing dina pahargyan wis bisa resik lair lan batine. Tata cara iki ditindakake ing omahe dhewe-dhewe.

3.      Midodareni

Tata cara midodareni iki duwe ancas supaya ing dina pahargyan penganten putri kasulistyane kaya dene widodari. Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari.

4.      Srah-srahan

Ing acara iki kulawarga penganten kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu anggone bakal duwe gawe mantu. Sinebut uga “asok tukon”.

5.      Ijab kabul

       Upacara panggih

Tata cara panggih di leksanakake sawise ijab kabul. Bisa ditindakake ing sadina utawa ing dina liyane. Acara iki nggunakake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten kakung lan putri bakal sah dadi jodhone. Kembang mayang

kasebut minangka symbol penganten kakung lan putri. Sakwise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung

sak perlu nerusake upacara : balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar-kucur, dahar klimah, mertui lan sungkeman.

7.      Upacara balangan suruh

Tata cara iku minangka tandha kasetyaning penganten.

8.      Upacara wiji dadi

Ing tata cara iki penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengant en putri ngumbah/ngresiki

sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

9.      Pupuk

Tata cara iki dileksanani ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha bisa nampa kanthi ikhlas dadi perangan kulawarga.

10.  Sinduran

Tata cara iki dileksanani dening wong tuwa penganten putri minangka tandha yen penganten kakung iku wis di tampa dadi perangan saka kulawarga.

11.  Timbang

Tata cara iki penganten sak kloron lungguh neng pangkonane bapak penganten putri, minangka perlambang bakal tumindak adil marang anak mantu lan besan,sarta rasa sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.

12.  Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.

13.  Dahar klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak Ykloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

14.  Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng ac ara resepsi,

15.  Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

16.  Kenduren/resepsi

Kenduren urawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kulawarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.


Tuladha:

Wedang : nggawe kadang

Kuping : kaku njepiping

Tandur : nata karo mundur

Cangkir : nyancang pikir

Dubang : idu abang

Dhalang : ngudhal piwulang

Cengkir : kencenging piker

Baliswara yaiku ukara kang anggone negesi kanthi diwalik. Tembung Baliswara lumrahe dienggo ana ing tembung kang duweni karep supaya bisa njumbuhake guru lagune. Padatane ana ing tembung kawi, lan pancen ora akeh digunakake ana ing tembung lumrah (tembung kang dienggo saben dinane). Tuladha:

·         Anoman sampun malumpat diwalik dadi Anoman malumpat sampun, tegese anoman wis mlumpat

·         Putri raja diwalik dadi Raja Putri, tegese putrine raja

·         Putra Surya diwalik dadi Surya Putra, tegese putrane Dewa Surya

 

Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha. Tuladha:

·         Anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga

·         Ati : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya

·         Bapak : bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah

·         Dewa : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, Hyang, jawata, widadara

·         Gajah : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman

·         Ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi



TEKS DESKRIPSI PAKAIAN ADAT JAWA 

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat Ian sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.

Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek ka ng sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskripsi subjektif kosok baline, yaiku anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku:

a.  Kahanan ruang: ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute,

b.    Kahanan barang: maneka warna kembang ing Taman Balekambang, prau -prau ing Pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti praktek ing laboratorium, alat transportasi, lan sapiturute,

C. Proses: proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik lingkungan sekolah, ngopeni lan ngrembakake tanduran, njaga kelestarian sumber daya alam, lan sapiturute.

 

Paribasan

Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panggonane lan panggangone, ateges entar, nanging Ora ngemu surasa pepindhan.

Tuladhane:

-  Adigang, adigung, lan adiguna (ngendel-ngendelkake kakuwatan, kaluhuran, lan kapinterane)

-  Ana catur mungkur (ora seneng ngrungokake rerasaning liyang kang ora prayoga)

-  Durung pecus keselak becus (durung pinter, nanging gadhah pepenginan ingkang nekaneka)

Isbat

Tembung isbat tegese katetepan. Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa surasa tartamtu. Wujude racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Isbat saemper karo paribasan, tegese cedhak karo babagan falsafah/pitutur luhur lan pasemon/pitutur kang ora melok/ceth a anggone ngandhakake. Isbat iki kulinane digunakake kanggo ngandharake falsafah, pitutur luhur, ngelmu - ngelmu agama, lan sapiturute. Tuladhane:

-  Golek banyu apikulan warih

-  Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti

-  Golek kayu gung susuhing angin

-  Ngupadi banyu suci perwitasari

-  Ngudi ngelmu sangkan paraning dumadi, lan sapiturute.

 

Sanepa

Sanepa yaiku tetembungan kang saemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake, ateges kosok balene karo terembungane. Sanepa katitik saka dapukaning tembung dumadi saka tembung watak sinambung karo tembung aran.

Tuladhane:

-  Eseme pait madu (eseme manis banget)

tatune arang kranjang (tatune kerep banget)

utange arang wulu kucing (utange akeh banget)

 

Tuladha teks deskripsi



Batik

Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake. Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 Oktober 2009.

Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata: batik kraton, sida mukti, kawung, lan sapiturute. Batik kraton mula bukane ginawe dening para pembatik kang dumunung ing sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang barong, parang rusak, lan udan liris.

Batik sida mukti yaiku motif corak batik kang lumrahe ginawe saka zat pewarna soga alam.  Batik  iki  wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corak batik kang kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti duwe makna filosofis ngandhut pangarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.

Batik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper klapa utawa woh kolang -kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak batik kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak kawung kang ginambar saemper bunderan cilik- cilik. Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka . corak picis. Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih gedhe lan pangajine setengah sen.

       (Katranslit saka Wikipedia)

sumber gambar https://www.google.com/search?q=baju+batik+wayang+wanita&tbm=isch&ved=2ahUKEwiYroj7keTxAhVrm0sFHU7kCWYQ2-cCegQIABAA&oq=baju+batik+wayang+&gs_lcp=CgNpbWcQARgDMgQIABATMgQIABATMgQIABATMgQIABATMgYIABAeEBMyCAgAEAUQHhATMggIABAFEB4QEzIICAAQCBAeEBMyCAgAEAgQHhATMggIABAIEB4QE1Cu4gNYrvADYOGEBGgAcAB4AIAB3wKIAdkHkgEHMS40LjAuMZgBAKABAaoBC2d3cy13aXotaW1nwAEB&sclient=img&ei=VazvYNivOOu2rtoPzsinsAY&bih=627&biw=1326&client=opera&hs=mOu



TEKS DESKRIPSI RUMAH ADAT JAWA 


Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane joglo limasan lawakan, joglo sinom, joglo jompongan, joglo pangrawit, joglo mangkurat, joglo hageng, lan joglo semar tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku:

·     Teras utawa pendhapa

Dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe prakara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwan gan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.

·       Pringgitan

Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.

·       Dalem agung

Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ruwangan iki nuduhake lamun urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kulawarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpama ana prakara kang kudu dirembug, kudu  dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari prakara kang lagi disandhang.

·       Krobongan/senthong

Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane piguna utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal, lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

·       Gandhok utawa pawon/pekiwan

Papane ana ing mburi dhewe. Pigunane kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).

 

Tuladha Teks Deskriptif Rumah Adat Jawa



Ing arsitektur wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan seni konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat pendukunge. Katresnane manungsa ing cita rasa kaendahan, semono uga sikep religius kawujud ing arsitektur omah joglo. Istilah joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama yaiku saka guru awujud patang cagak utama kanthi pengeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing dhuwure. Struktur kang kaya mangkene iki saliyane kanggo sangga struktur utama omah, uga minangka sanggan payon omah supaya bisa awujud pencu (piramida).

Bab iki nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan, nanging kudu tansah tulung-tinulung Jan sesambungan karo wong liya. Kanthi saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan mad sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat. Yen wis kuwat sakabehe bisa ndadekake negarane uga kuwat.

Ing perangan lawang duwe telung lawang, yaiku lawang utama ing tengah lan rong . lawang kang ana ing sisih ngiringan kiwa lan tengene lawang utama. Katelu perangan lawang iku nglambangake kang nedheng ngembang lan ngupadi ing sajroning kulawarga. Teges liyane yaiku nulad saka lelakone kewan kupu wiwit saka uler nganti tekan dadi kupu. Dene sadurunge dadi kupu, uler iku nglakoni dadi enthung kang kabuntel ora isa apa-apa anane mung semedi. Nanging bareng wis lulus anggone tapa lan prihatin owah saka kewan kang nggilani lan nggateli dadi kewan kang nyenengake yaiku kupu. Iki nglambangake manungsa iku kudu duwe sipat prihatin lan ngendhaleni hawa nepsu yen kepingin kepenak ing tembe mburine.

Ing perangan njero ana kang diarani gedhongan kang diembake kaya dene mihrab, papan pangg onan imam kang mimpin shalat. Bab iki nglambangake yen omah iku saliyane dadi papan panggonan ngeyup, bisa uga kanggo papan ngabekti marang Gusti kang dipracaya. Mula saka iku ing ngendi papan manungsa iku kudu tansah eling ” marang Gusti kang nitahake.

Ruwang ngarep ana kang sinebut jaga satru. Ruwang iki ing sangarepe lawang ana sawijining cagak mung siji kang sinebut saka geder utawa cagak keseimbangan. Cagak iki nuduhake sapa pawongan kang duwe omah. Saliyane iku minangka pratandha minangka cagak kang tansah ngelingake marang Gusti kang maha kuwasa.

Pamilihe kayu kanggo tembok utawa gebyok lan gendheng lempung amarga material iki entheng, mula ora ngebot - eboti yen dipasang ing papan dhuwur. Sirkulasi udara ing omah joglo iku becik banget amarga diranca ng tinarbuka lan ing payone : digawe ana trap-trapane. Ing omah joglo payon digawe wujud trap-trapan lan undha usuk mendhuwur. Bab iki nglambangake ana sesambungan ing antarane manungsa lan manungsa, uga manungsa karo Gustine. Mula ing papan iki kerep banget digunakake kanggo nglumpuk ing antarane kulawarga, tundhone bisa gawe rumakete ing sakabehe.

Payon omah joglo iku rinakit saka payon lambang sari lan lambang gantung. Dene kalorone ngapit payon kang dumunung ing tengahe. Bab iki nglambangake lamun manungsa urip iku yen saya dhuwur drajate bakal luwih gedhe pacobane. Nanging kanthi rinakit lan tansah sesambungan bakal nguwatake anggone nglakoni pacoban kasebut.

Saka andharan kasebut bisa dijupuk dudutan saka wewangunan omah joglo yaiku nenuntun manungsa supaya urip sesambungan karo wong liya (sosial) lan tulung-tinulung iku ndadekake manungsa ora ongas lan ngurmati siji lan sijine, lan uga ora bakal lali marang Gusti kang nitahake. Wewangunan fisik minangka sawijining tandha undhakundhakane panguripane manungsa kang ngemot nilai intrinsik kearifan lokal. Sawijining kearifan lokal bisa ditemokake ing omah adat tradhisi. Omah adat minangka sawijining wujud nyata kabudayan kang bisa disawang kanthi kasat mata.

 

Wimbuh Kawruh

·         Tembung Saroja

Yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan digunakake bebarengan. Nanging ora nuwuhake teges anyar.

·         Tembung Garba

Yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane kang ora ngowahi tegese tembung.

·         Tembung Plutan

Yaiku tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge. Umume kang suda iku aksara kang mapan ing satengahe tembung. Tembung dadenane uga ora duwe teges anyar.

·         Saloka

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah, lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhan, lan kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan.

·         Bebasan

Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora ngemu teges pepindhan, dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan panganggone.



Sumber Gambar 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan. Tuladha Crit...