Pangertene geguritan
Geguritan yaiku wohing susastra
kang basane cekak, mentes, lan
endah. Tegese ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-tembung
rinengga (purwakanthi swara, sastra, lan basa).
Mula geguritan ing kawitane mung cekak nanging
nggunakake tembung-tembung kang
duwe nilai estetika dhuwur. Wujud geguritan
iku saemper karo sair (syair). Panulise kanthi
bait -bait/gatra. Geguritan iku kalebu
puisi Jawa modheren, amarga ora
kawengku dening pathokan tinamtu kaya dene tembang macapat. Masarakat Jawa wis kenal geguritan (puisi) kawit
jaman kuna-makuna. Ing jaman masarakat
migunakake basa Jawa kuna wis dikenal wujud geguritan sing diarani kakawin. Wujud prosane sinebut parwa. Rikala ing jaman basa Jawa tengahan utawa jaman Majapahit, geguritan katelah kidung. Ing jaman Ma
taram tekan jaman Surakartanan,
geguritan katelah tembang, wujude tembang gedhe,
tembang tengahan, lan tembang cilik utawa Macapat. Ing
jaman kamardikan rikala tahun patang puluh limanan ana geguritan ning beda banget karo geguritan
jaman saiki sing bebas wujude. Jaman patang
puluhan geguritan biasane kawiwitan
saka tembung sun gegurit'. Ana panemu manawa geguritan iku
kalebu puisi bebas kang awujud tetembungan, ukara, unen-unen kang ora nganggo paugeran baku, nanging sing
dipentingake endahe basalan susast
rane. Kanggo mujudake
geguritan bisa rinasa endah salah sijine cara yaiku nggunakake basa
rinengga kayata purwakanthi, bebasan,
pepindhan, panyandra, lan sapiturute. Geguritan
kuwi apike dirungokake amarga miturut ahli sastra
Roman Ingarden geguritan kuwi ibarate kaya dene kue lapis. Miturut Riffaterre,
geguritan ibarate kue donat, lapis
sepisan kuwi uni utawa swara, mula apike
geguritan kuwi kudu diwaca. Ana bab-bab kang wigati lan prayoga disetitekake
nalika maca geguritan, yaiku bab teknis
lan nonteknis. Bab nonteknis
kayata nggatekake panggonan pamaca. Tuladhane ing ruang ngendi, pira sing ngrungokake, ana ing jaba utawa jero ruangan.
Bab iki penting kanggo nemtokake
seru lan orane swara.
Kapindho nyetitekake para pamirsa nalika maca.
Tegese nggatekake cacahe pamirsa kang ana ing jero ruangan,
rame lan orane sing padha guneman, kanggo nemtokake konsentrasi lan ngajab
para pamirsa migatekake pamacane geguritan. Bab
teknis sing prelu digatekake
yaiku: sadurunge maca kudu mangerteni surasane geguritan.
Carane kanthi maca batin murih mangerteni surasane. Kapindho nggoleki
tembung-tembung sing digunakake kanggo ngemot
surasane geguritan. Tembung-tembung mau sing tundhone kawaca kanthi tekanan. Sabanjure maca
kanthi tembung-tembung kang cetha (/afal) lan jeda kang trep adhedhasar
surasane tembung, kang ngemot teges. Teges,
jeda pamacaning geguritan ora sakepenake nanging adhedhasar satuan semantis.
Tuladha:
Mendhung ing wayah esuk
dakdumuk ora gadug
Lan ing wayah sore mendha
saya dhuwure
Jeda (/) ing pamaca
mendhung ing wayahlesuk dakdumuk ora bener amarga wayah esuk kuwi satuan
semantis. Kudune mendhung ing wayah esuk/dakdumuk ora gadug. Bab pamedhote
tembung beda karo tembang. Anoman ma-/lumpat sampun. Ing kene bedane maca
geguritan karo nembang macapat. Sabanjure pamacane tembung uga lelandhesan
surasa. Ing kene diandharake menawa pamacane tembung kuwi khas antara siji lan
sijine (sipat personal).
Geguritan kalebu karya sastra kang nggunakake basa kanthi
maksud liya. Geguritan kuwi asipat konotatif, tegese duweni pangerten kang beda
karo pangerten ing kamus. Mula geguritan uga duweni sipat ekspresi ora langsung
sajiwining kagiyatan utawa aktivitas basa sing ngudharake karep kanthi cara
liya. Gamblanging tembung, yaiku ngudharake rasa pangrasa ora kanthi langsung.
Mula basane katelah basa sing khas. Kekhasane basa merga disebabake dening
telung prakara.
1.
Merga ngganti teges carane nganggo lelewaning basa utawa
pepindhan
2.
Ngenggokake teges kanthi cara
purwakanthi
3.
Ngripta teges kanthi cara
pembaitan
Tembung-tembung sing kepilih adhedhasar swasana kang
nimbulake daya kayal (imaji). Kanthi migunakake basa kias (basa rinengga) utawa
lelewaning basa, lan purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita ndadekake basa
geguritan kuwi endah yen diwaca lan dirungokake. Senadyan cekak aos, nanging
duwe kekuwatan.
Unsur-unsur geguritan
Geguritan iku kawangun saka
unsur fisik lan batin. Dene katrangane kaya mengkene.
a. Unsur fisik, yaiku:
-
Diksi yaiku nggatekake lan menehi
tekanan basa, utamane babagan tembung:
tembunge utama ing geguritan. Ing perangan iki isa awujud
irama lan rima.
-
Citraan yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose. - Majas yaiku wujud ukara
kang isa narik kawigaten.
-
Bunyi yaiku nemtokake tembung-tembung
kang digunake isa narik kawigate mula
kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.
-
Tipografi yaiku wujud geguritan iku isa narik kawigaten
b. Unsur batin, yaiku:
- Tema
Kanggo mangreteni
geguritan, pamaca kudu ngreteni tema lan makna geguritan kang pengin
dikandhakake penyair. Tema yaiku gagasan pokok kang diandharake dening penyair
lumantar geguritane. Tema gumantung penyair. Pamaca akeh sithik kudu ngreteni
latar belakang penyair supaya ora kleru nafsirake tema geguritan kasebut. Mula
iku, tema asipat khusus, objektif, lan lugas.
Tema kang kerep digunakake
ing geguritan yaiku tema ketuhanan (religius), tema kamanungsan, tresna,
patriotisme, perjuwangan, urip kang gagal, alam, kritik sosial, keadilan,
demokrasi, lan tema kekadangan (persahabatan).
-
Perasaan/rasa pangrasa
Rasa pangrasa kang
kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung
tumrap rasa iku.
- Nada/irama
Nada yaiku kajiwan pujangga nalika
ngripta geguritan. Nada
njlentrehake sikep pangripta marang
riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis isa nitik kepriye andharane
pangripta. Kang isa klebu perangan iki
yaiku irama lan rima.
Irama utawa ritme ana
sesambungane karo pengulangan
swara, tembung, frasa, lan ukara. Ing geguritan irama bisa
awujud pengulangan tembung kanthi tratur nuwuhake gelombang swara kang nuwuhake kaendahan.
Irama uga bisa ateges owah-owahan
saka banter-alon, dhuwur-cendhek, utawa dawa-cendhake tembung kanthi ngulang makaping-kaping kang ancase nuwuhake
gelombang swara supaya gawe endahe geguritan.
Kanthi ngulang tembung kunci
utawa tembung penting isa gawe makna tembung kuwi dadi mbangetake.
- Amanat/pitutur Lumantar tulisan,
pangripta geguritan isa ngandharake
pesen kang bakal dijlentrehake.
Geguritan klasik
Titikane geguritan
klasik/kuna yaiku:
a. Lumrahe
diwiwiti
tembung sun gegurit.
b. Sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
c. Cacahing wanda saben
gatrane padha.
d. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi. Tuladhane:
Sun gegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
4.
Jinis geguritan
Geguritan (puisi) yaiku
pametuning rasa pujangga (pengarang) kang tinulis ing tembung -tembung lan
karakit adhedhasar larik lan pada (baris dan bait). Anggone medharake ras
pangrasa pujan gga bisa nggunakake basa figuratif kanggo medharake makna jamak
kang akeh-akehe kanthi pamilihe tembung (diksi) kang endah lan ngirama. Basa
figuratif bisa kawangun saka anggone nggunakake gaya basa. Anggone nggunakake
diksi bisa nyulihi lan nginspirasi sawijining gagasan kanthi universal. Yen
kabandhingake karo jinis sastra liyane, geguritan minangka jinis kang duwe
wujud wedharan kang cekak lan aos. Babagan ini bisa dadi pengaruh tumrap para
pamaca ing pangudi mahami isine, pamaca banjur bisa nggoleki makna kang kamot
sajrone geguritan, Kanggo ngreteni lan mahami surasane geguritan, awake dhewe
kudu ngreti jinis -jinise geguritan. Adhedhasar surasane kang kamot jrone
geguritan ing jaman saiki kayata:
a.
Ode. Geguritan kang surasane
ngemot pangalembana marang wong liya, negara
apadene kang dianggep luhur.
b. Himne.
Geguritan pangalembana
marang Gusti Kang Mahakawasa.
c. Elegi.
Geguritan kang surasane panalangsa.
Geguritan iki njlentrehake
sawijining bab kang nelangsa lan
ngrujit ati.
d. Epigram.
Geguritan kang surasane babagan
piwulang-piwulang moral, nilai
idhup kang becik lan bener kang tinulis kanthi ringkes.
e.
Satire. Geguritan kang surasane
ngenyek kanthi kasar (sarkasme) kang landhep/sinis
tumrap sawijining bab
kang ora adil kang ana ing
madyaning bebrayan.
f. Romansa. Geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing maneka warna bab.
g. Balada. Geguritan
kang surasane babagan crita utawa
lakon kang nyata utawa
mung lamunane pujangga.
Trap-trapan panulise
geguritan iku kaperang dadi telung trap kang penting
a.
Nemtokake ide/tema, ditindakake kanthi nglumpukake utawa golek informasi
lumantar maca, nonton, lan ngrasakake marang prastawa lan
pengalaman pribadi, sosial masarakat,
utawa universal (kamanu ngsan
lan ketuhanan).
b.
Nyaring, milih utawa
nyaring informasi (prastawa, tema, ide, gagasan)
kang narik kawigaten saka tema kang dianggo. Sabanjure mikirake, ngrenungake, lan nafsirake tema jumbuh
karo konteks, ancas, lan pangreten
kang diduweni.
c.
Ngripta geguritan, minangka
proses kang kudu ditindakake kanthi tliti,
awit panulise mbutuhake
kreatifitas, intuisi, lan imajinasi, sarta pengalaman lan kaprigelan. Mula saka iku, ing proses
iki dibutuhake kaprigelan nemtokake tembung lan ukara kang trep, cekak, aos,
endah, lan nengsemake. Sabanjure isa ngasilake tembung- tembung kang bermakna, kabentuk, karakit, lan kaweka minangka
geguritan.
Trap-trapane Ian cara
kanggo mahami lan ngudhari surasane geguritan
a.
Maca lan njingglengi geguritan wiwitan
nganti pungkasan. Pakaryan iki isa
nemokake gegambaran kanthi global utawa
proses penafsiran kawitan.
b. Nggoleki materi-materi kang penting:
- Irah-irahan (judul) geguritan
- Tembung kunci
- Gaya basa (majas)
- Simbol-simbol
c. Negesi
lan gawe dudutan surasane geguritan
d. Nggancarake nggunakake basane dhewe