Selasa, 07 Mei 2019

RESI JATAYU

Wayang Ramayana (Resi Jatayu)

Wayang yaiku seni pertunjukkan asli Indonesia ingkang berkembeng wonten ing pulau Jawa lan Bali.

Tembung Ramayana asale saka basa Sanskerta Ramayana; sing asale saka tembung Rama lan Ayana sing tegese “Lelakone Rama”. Dadi ing Ramayana iku sing dicritakake lelakon Rama wiwit cilik nganti tekan tuwane.

Kanggo mangerteni isi sawijining crita iku bisa ditindakake kanthi maca kang permati crita kasebut. Sawise rampung maca kajaba bisa mangerteni isine uga bisa menehi tanggapan.
Crita manuk Jatayu iku nggambarake apa kang kudu ditindakake dening wong kang kekancan. Kekancan sing apik iku, antarane sing kekancan kudu bisa andum rasa pangrasa. Seneng lan susah kudu padha dene ngrasakake. Nalika kanca mbutuhake bantuan ya kudu dibantu. Semono uga nalika kanca seneng-seneng, kancane uga kudu diajak seneng. 
Ing ngisor iki video Gambaran crita wayang Ramayana (Resi Jatayu)





Langsung wae wacanen wacan ing ngisor iki lan supaya luwih mangerteni crita babagan Ramayana (Resi Jatayu).

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.
Resi Jatayu

Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa, amarga Prabu Dasamuka duweni Aji Rawarontek dan Pancasona ingkang ora bisa dikalahake.  Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. 

Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.



Gambar kajupuk saka 
https://www.google.com/search?q=resi+jatayu&client=opera&hs=NQc&source=lnms&tbm=isch&sa=X&ved=0ahUKEwjB9IOF64jiAhWB63MBHQYCD0wQ_AUIDigB&biw=1321&bih=615#imgrc=Usn_3cEo2iu3FM:

Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan. Tuladha Crit...