Rabu, 14 Juli 2021

NOVEL JAWA

 Pengertene Novel

Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang misuwur. Kaya dene karya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita -crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang-pirang crita, dene saben babak iku ngandharake surasa kang beda-beda. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik kang sesambungan. Surasane novel iku ngemot nilai- nilai budaya, sosial, moral, pendidikan, lan sapiturute.

 

Unsur crita cekak

Unsur Intrinsik

Tema

Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel.

Setting

Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/pan ggonan, sosial budaya.

Punjering crita (sudut pandang)

Sudut pandang diperang dadi 3, yaiku :

Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembug sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.

Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).

Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine tokoh.

Alur/Plot

Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing novel. Alur diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi saka kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.

Penokohan

Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapituture.

Gaya bahasa

Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.

 

Unsur ekstrinsik

Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang, lan sapituture, sanjabane unsur intrinsik. Unsur- unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra. Nggatekake marang unsur-unsur iki bakal mbiyantu kanggo napsirake surasa sawijining karya sastra.

Nilai-nilai kang kamot ing novel

a.   Nilai sosial

Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.

b.   Nilai etik

Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing dhiri pribadine.

c.   Nilai hedorik

Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita.

d.   Nilai spirit

Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca. Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe.

e.   Nilai koleksi

Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni novel iku.

f.    Nilai kultural

Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.

 

Jinis novel hiburan

Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi panulise. Novel hiburan uga nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan, wewangunan endah, papan panggonan kang endah, lan sapiturute. Novel hiburan iki uga ngemot babagan komersial. Amarga surasane kang kaya mangkono, mula novel iki disenengi dening masarakat umume, wiwit saka bocah nganti wong tuwa.

Jinis novel hiburan kayata :

a.       Novel detektif

b.       Novel roman

c.        Novel misteri

d.       Novel gotik

e.        Novel kriminal

f.         Novel fiksi ilmiah

 

Trap-trapan nulis novel

1.                Temtokna luwih dhisik tema novel kang bakal ditulis, lan uga para paragane. Amarga saka nemtokake tema anggone ngringkes bisa pener lan ora ngayawara.

2.                Temtokna watak para paragane. Cetha lan orane sawijining paraga gumantung saka cethane watak. Watak paraga iku bisa

ditulad saka solahe, umure, pagaweyane, cara ngomonge, lan sapiturute.

3.                Gawenen urut-urutane crita utawa cengkorongan crita manut saka lakuning imajinasi. Bisa kawitan kanthi nemtokake alur critane. Bisa alur maju utawa alur mundur. Cengkorongan kang digawe kudu runtut lan turut.

4.                Pungkasane, saka cengkorongan mau banjur dikembangake dadi crita.


Tuladha Petikan Novel Prau Gethek Nyabrang Jaladri


Ing wayah esuk para kadang tani padha budhal menyang sawah. Nyawang tanduran kang katonijo royo-royo gawe tentreme ati. Banyu kang mili saka kali Sei Ular gumarojog saperangan nelesi pesawahan. Tetuwuhan ing kiwa tengene desa Tualang Perbaungan dadi subur.

Tlatah iki dadi papan kang wigati. Soekirman lair ing desa Tualang, Perbaungan, Serdang Bedagai, Sumatra Utara. Sadurunge ana pemekaran tlatah iki kalebu ing Kabupaten Deli Serbang. Bapak lan ibune Soekirman yaiku Pak Subardilan ibu Isayaah. Pakaryane Pak Subardi yaiku tanilan lakudagang woh-wohan. Simbah buyute Mbah Sajimah lan Mbah buyut putri saka Blora yaiku Mbah Halimah.

Tahun 1985, Pak Subardi seda. Wektu iku Soekirman isih cilik, Soekirman cilik dirawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin. Menawa ibune Soekirman pindah saka desa Tualang neng desa Pager Jati, Lubuk Pakam. Ing desa Pagar Jati Soekirman disekolahake dening Pakdhe Min, ing sekolah Rakyat utawa SR nganti tahun 1962. Ing desa Pagar Jatiumume penduduke saka suku Batak.

Ing mangsa ketiga Soekirman kerep ngolah lemah kanggo coba-coba nenandur. Biasane kang tinandur yaiku tomat, jagung, sorgum, lombok, ln sayuran kayata kangkung, bayem lan kacang sisil. Pengalaman sing ora bisa dilalekake yaiku nalika kekancan karo bocah-bocah saka suku Batak, saengga Soekirman bisa basa Batak. Sateruse bareng karo kanca-kancane angon sapi, golek iwak ing lubuk-lubuk lan tlaga. Soekirman seneng ngaji, sholat, traweh lan nandangi pakaryan kanggo kebutuhan sosial kemasarakatan ing desane. Nalika isih sekolah ing SR Soekirman tau dodolan roti, bakul woh-wohan, kartu pos, kartu lebaran lan liya-liyane.

Soekirman mbangun bale wisma nalika umur 27 taun, yaiku ing tanggal 14 Maret 1982. Wektu kuwi Soekirman wis makarya ing USU kanthi jabatan asisten dosenpangkate Gol II/b ing Fakultas Pertanian USU. Saliyane iku Soekirman uga nyambi mulang ing STM Pertanian Lubuk Pakam, tilas sekolahane biyen. Soekirman nikah karo Marliah, bidan ing Puskesmas Pagar Jati.

Soekirman kagungan putra 5. Pandawa Lima, putrane Soekirman lan Marliah wis nate diruwat nganggo tata cara adat Jawa tanggal 14 Maret 2007bareng karo mengeti ulang taun perkawinan perak. Putra kang pembajeng anama Searca Agung Nugroho, sateruse Panji Septocahyo, Dimas Triadji, Dipa Wicaksono lan Prasetyo Feldafing. Putra pembajeng, Agung, nate sinau ing Fakultas Ekonomi. Putra keloro sinau Arsitektur lan putra ketelu ing Komunikasi, sakabehe ing USU Medan. Menawa putra kepapat lan lima padha karo kangmase. Saliyane kuliah putra pembajeng uga dadi guru privat kanggo siswa SMP lan duwe usaha liyane.

Saliyane namatke pasinaone ing Fakultas Pertanian USU, Soekirman uga melu sinau non-gelar kang ilmune bisa kanggo njawab tantangan ing masarakat sedina-dina. Kursus-kursus kang nate dilakone yaiku AMDAL, perencanaan partisipatif, perencanaan pembengunan, pertanian organik, leadrship pedesaan lan community development. Pasinaone ora mung ing Indonesia nangin nganti tekan manca negara.

Soekirman kuliah nyambi makarya, wiwit sing kasar nganti pakaryan sing rada alus. Dadi guru mujudake pakaryan kang rada alus arepa bayare mung Rp. 12.000/bln ing tahun 1980. Melu organisasi uga dilakoni Soekirman kanggo nambah pengalaman lan idealisme kepemimpinan. Ing organisasi kadangkala malah entuk mangan gratis nalika ana pelatihan, idhep-idhep kanggo ngirit blanja. Nunut ing asrama mahasiswa lan njaga kanca kang lagi mondok ing rumah sakit kelebu carane Soekirman kanggo ngirit blanja. Dadi loper koran kampus, majalah lan buku sing dilarang uga dadi pakatyan kang tahu dilakoni kanggo  gatasi masalah ekonomi, apa maneh nalika dadi mahasiswa ing USU wiwit 1975 nganti 1980, dhek semana tanduran pari ing Sumatra padha dipangan wereng coklat. Akeh warga kang ngedol sawahe lan pindah ing tlatah liya, warga kang tetep manggon ing kono mesthi keluwen utawa kudu gelem mangan beras jagung. Aja meneh kanggo ragat sekolah, kanggo mangan sedina-dina wae susah. Kaya ngono kuwi gambaran rekasane panguripane para warga ing jaman semana, wektu iku Soekirman lagi kuliah ing kampus USU. Dheweke ora tahu mbayar kost, nanging nunut nggone kanca-kancane kanthi cara pindah siji lan sijine.

Taun 1980 sawise entuk gelar BSc ing babagan pertanian, Soekirman dadi Pegawe Negri Sipil posisine asiten dosen. Taun 1983 namatake S1 lan golongane mundhak dadi III/a, terus diangkat dadi dosen Mekanisasi Pertanian. Saliyane iku Soekirman uga nyambi ing konsultan pembangunan pabrik gula ing Sumatra Utara jabatane site engineer.

Ing njaban kampus bareng karo anak-anak pecinta alam ngedegake pakumpulan kanggo ngembangke swadaya warga masarakat desa Bintarni ing taun 1980 lan taun 1986 diganti dadi Yayasan Bitra Indonesia. Soekirman uga aktif ing organisasi tarap nasional saengga kepilih dadi presidium WALHI Nasional 1983-1989, lan pengurus Sekretariat Bina Desa Jakarta 1990-1996. Taun 2004 melu nyalon dadi anggota DPD (Dewan Perwakilan Daerah) Sumatra Utara. Hasile entuk rangking 10 saka 48 calon sing ana. Taun 2005 nyalon dadi Wakil Bupati Bedagai Sumut lan kepilih ndampingi Bapak Erry Nuradi sing dadi Bupati.

Ing usahane mujudke Propinsi Daerah Istimewa Surakarta (DIS) kang wektu iki lagi nedheng-nedhengan, Soekirman uga melu nyusun konsepe kang kaimpun ing buku kanthi judul Daerah Istimewa Surakarta. Taun 2009 Soekirman ngusulke Sinuwun Paku Buwono X dadi Pahlawan Nasional. Seminar kang dianakake ing kampus UGM ndadakake atine Soekirman saya rumaket marang Kraton Surakarta. Soekirman tau mubeng-mubeng ing kutha Surakarta numpak becak ing taun 2010. Wayah bengi, nyempetake mampir lan sowan marang GKR Koes Moertiyah, Pengageng Sasana Wilapa Kraton Surakarta Hadiningrat.

Saben kala mangsa Soekirman nekani pahargyan. Idhep-idhep nambah sedulur, njembarake wawasan. Dina minggu tanggal 5 Juni 2011 watara jam 14.00 Soekirman ngandani pagelaran wayang purwa kanthi lakon Wahyu Cakraningrat, sawijining cerita kang ana gegayutane karo panguwasa. Pengirine saka paguyuban Seni Suko Budoyo, kang niyagane asale saka ngendi-ngendi. Contoe saka kecamatan Pegajahan, Perbaungan, Serba Jadi, Sei Rampah, Teluk Mengkudu, Tanjung Beringin lan Dolok Masihul. Para pengrawit iku umume keturunan Jawa kang ngumbara lan wis manggon ing Deli wiwit Walanda. Racak asale Magelang, Purbalingga, Purwokerto, Boyolali, Blitar lan Tulungagung.

Jawa iku nggone rasa. Mula ana kang ngarani Jawa jiwa kang kajawi. Budaya abangan condhong marang mistik, olah rasa, adat, tradisi, barang-barang kuno, cagar budaya, lan tinggalan sejarah. Wong-wong iku agamane Islam kejawen. Kenyatane wong-wong iku pancen seneng karo penghayat kepercayaan. Sebagian kaum abangan iki gawe kelompok paguyuban. Kadang-kadang kaum abangan iki ngumpil-ngumpul kanggo mantebke rohanine. Kegiatan iki kerep dijenengi Paguyuban Kebatinan.

Minangka Wabup utawa penjabat negara, Soekirman duwe hak protokoler wiwit saka omah dinas, kendaraan dinas, pengawal lan ajudan, serta hak-hak liyane.mobil dinas standare 2 yaiku jep lan sedan. Bedane karo mobil kepala daerah mung ana ing ukuran mesin. Sadar minangka wong kang asale saka ngisor, anak petani, Soekirman sengaja mung nerima mobil jep. Iku wae sawise taun ketelu saka limang taun masa tugase. Tun kapisan cukup nganggo kijang kapsul taun 2005, taun keloro KIA Sedona, banjur lagi taun ketelu Toyota Fortuner.

Babad Sergai iki minangka pisungsung kagem Pak Soekirman nalika winisuda dadi Bupati ing Sebang Bedagai. Upacara wisuda dumadi rikala dina Jumat Kliwon tanggal 5 Juli 2013. Sing mandhegani yaiku Bapak Gubernur Ir. Gatot Pujo Nugroho lan Bapak Gubernur Tengku Erry Nuradi. Pahargyan mau disengkuyung dening para warga lan pangembating praja.

Dadi Bupati ing Sergai tumrape Soekirman iku minangka pengabdian. Soekirman pengin mujudake bebrayan kang adil makmur panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Cerita Legendha Bahasa Jawa

Crita Legendha Sing diarani crita legendha yaiku crita ingkang nyritakake asal-usul utawa kedadeyan salah sawijining panggenan. Tuladha Crit...