CRITA CEKAK
Crita cekak dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa
kang nyata utawa fiktif. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita munjerake
sawijining paraga. Kedadeyan, paraga, lan konflik sawijining unsur pokok crita
lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku
kudu duwe alur. Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak iku dicritakake
sepisan rampung, lan bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak
mung tinulis kanthi cekak lan prasaja.
Titikane crikak :
·
Critane ringkes
·
Gegayutan karo lelakone manungsa
·
Alur carita dumadi saka wiwitan, dredah,
ngrampungake perkara
Bab-bab kang perlu
digatekake ing crikak :
·
Tema : gagasan penting sajroning carita
·
Alur/plot : ya iku lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkas
·
Penokohan : ya iku nerangake watak wantune (karakter) para paraga
·
Latar/setting : ngrembug papan,
wektu, lan swasana jroning carita
·
Amanat : ya iku piwelinge panganggit marang kang maca carita iku
·
Punjering crita (sudut
pandang) : pangrakite (penulis/pengarang)
nggunakake sudut pandang
paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti
orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe
kanthi tembung-tembunge dhewe; pangrakite nggunakake sudut pandang paraga
bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita
tinimbang sajroning crita. Pangrakite biyasane
nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang
ketiga); pangrakite nggunakake sudut pandang
impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang,
ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang paraga
nganti tekan sajroning pikiran lan
atine. Mula pen garang ing kene bisa nyritakake rahasia batine
paraga.
·
Konflik : Konflik yaiku perkara kang dadi
punjere crita. Ing perangan iki prakara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten. Sansaya jlimet
lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigatene pandhemene.
Bab ing dhuwur iku diarani
unsur intrinsik, kang tegese unsur-unsur kang mbangun carita saka jroning
carita kasebut.
Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak
·
Nilai sosial iku ana sesambungane karo tata laku
pasrawungan in antarane pawongan siji lan liyane.
·
Nilai moral iku ana sesambungane karo tumindak becik lan
ala kang minangka dhasar panguripan manungsa lan masarakat. Nilai
religius/keagamaan iku ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.
·
Nilai pendidikan/edukasi iku ana sesambungan karo
owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.
·
Nilai estetis/keindahan iku ana sesambungane karo bab-bab
kang narik kawigaten, kaendahan, seni, utawa nyenengake. Nilai etika iku ana
sesambungane karo sopan santun lan subasita ing bebrayan.
·
Nilai politis iku ana sesambungane karo pamarentah.
·
Nilai kemanusiaan iku ana sesambungane karo sipat-sipat
manungsa. Lan sapiturute
Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan
crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe .
Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
Tema : gagasan pokok, pokok
crita
Latar : papan lan wektu
dumadine prastawa
Alur : lakuning crita
Penokohan : paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.
Tuladha:
ORA BISA MULIH
Seminggu maneh lebaran, batine
Bambang. Kamangka,
dheweke blas ora duwe dhuwit kanggo mulih. Taun wingi dheweke wis ora mulih.
Bambang bingung arep mulih apa ora. Yen sida mulih kudu golek utangan dhuwit,
paling-paling cukup kanggo bayar karcis bis kelas ekonomi. Yen ora mulih maneh
dheweke wis kangen banget karo wong omah. Tur neng perantauan kuwi mau ora ana
sedulur siji wae. Upama ora nekad mulih, mesthi mok ndhekem neng kontrakan, mesthi yo
dhewekan merga kanca-kancane telung jam kepungkur wis mulih kabeh. Upama nunut
neng omahe kancane, mesthine isin
yen mengko banjur ditakoki apa sebabe ora mulih.
Mula, wiwit telung jam kepungkur dheweke mung
neng jero kamar kontrakan, blas ora mingket. Bambang mung lungguh slonjor neng
dhuwur kasur, sumendhe poncot tembok. Tangane sedhakep ngekep bantal. Sirahe
ndhangak lan mripate nguwasi plafon. Kayata wong kang duweni perkara abot.
Neng kontrakan kuwi mau dipajang dhuwure meja ana
photo ukuran 10 R, photone Wulan pacare mbiyen, sing petang wulan kepungkur wis
nikah karo Arif lan kabare Wulan saiki wis ngandhut. Nganti seprene Bambang
pancen isih nyimpen tresnane mung kanggo Wulan. Mula photo iku mau durung
pindhah papane wiwit tanggal 22 Februari 2005. Nalika iku, Wulan dhewe sing
masang photone.
Pakulitane Wulan sing satemene putih, neng photo
majang sakdhuwure mejane Bambang dadi ora putih. Ayune Wulan ketutup bledug.
Bambang ora nate nyedak ngresiki. Tur ora mung photone Wulan sing reged. Neng buri lawang ana
celana-celana jeans lethek. Ana sing cumanthel, ana sing nglumbruk ing jobin. Neng dhuwur kasur ana tumpukan
klambi pirang-pirang, durung disetrika lan dilempit. Neng dhuwur meja ana rong
asbak sing wis kebak tegesan rokok. Embuh dasare kemproh utawa mung lagi kesed.
Nanging sing cetha, kamar kontrakane Bambang wis nuduhake marang sapa wae sing
mlebu lan nyawang duwe pikiran yen sing duwe kamar kuwi ora resikan.
Kaya dene dina iku mau, kudune dhuwe waktu kanggo
nyapu utawa nglempiti sandhangane, wong cetha dina minggu. Cetha libur, ora
lebu nyambut gawe. Pirang bara kober mbuwang tegesan neng asbak mau, sing
njalari sakamar wutuh mambu kecut. Ananging wiwit tangi turu jam sepuluh esuk
teka jam setengah telu sore isih durung mudhun saka kasur. Rupane kusem, ora
ana sumringahe. Tur dhasare pancen durung kambon banyu babar-blas. Matane katon
isih semu abang lan isih enek beleke.
Bareng krungu ana swara sepedha motor sing sajake
mandheg neng ngarep kontrakan, Bambang lagi gelem nyingkirke bantal sing
dikekep, banjur alon-alon mudhun saka kasur. Durung nganti ngadeg wis krungu
swara salam saka njaba. "Kula nuwun." ketara swarane wong lanang.
"Ya. Ditunggu sedhela," wangsulane
Bambang seru saka jero kamar. Sing wis apal karo swarane tamu iku.
Sakwise mbukak lawang kamar, Bambang ora menyang
ngarep. "Mlebua, Gus. Tak raup dhisik." Bambang banjur nuju menyang
kolah.
Banjur tamu kuwi mau sing diundang 'Gus' mau
mbukak lawang ngarep sing pancen ora dikunci. Dheweke banjur mapanake awak,
lungguh neng kursi dawa ruwang tamu, nguculake sepatu, nyendhekake gegere neng
kursi lan merem. Katone kaya mentas lunga adoh lan ngampet kesel.
"Saka endi Gus?" Bambang wis tekan
ruwang tamu lan mbacutake takon, "Rupamu kok kucel kaya kumbahan. Bar saka
endi wae?"
"Saka Semarang langsung mampir Magelang. Lha
kok rupamu luwih semrawut kuwi, wiwit esuk lagi tangi iki mau apa? Pasa-pasa
kok mung dimempengke turu. Rumangsamu wong turu
ana sing menehi dhuwit apa piye?"
"Gus, Agus. Dina minggu apa kudu mangkat
menyang kantor?"
"Cah-cah liyane endi, kok sepi?"
"Wis padha mulih."
"Lha kowe mulih kapan? Apa ora arep mulih
maneh? Mbok mulih, Mbang. Wong nyambut gawe neng paran kok ora tau mulih. Wis
lali karo omah apa piye?"
"Lebaran taun wingi aku wis ora mulih,
Gus."
"Lha mula! Mosok arep ora ketemu wong tuwa
nganti rong taun?!"
"Neng aku ora duwe dhuwit eg."
"Regane karcis bis Jogja tekan omahmu pira
neh?"
"Paling-paling sithik yokan."
"Geneya kok nganti ora duwe dhuwit? Lha
blanjanmu selawase iki mok nggo apa ta? Wong saiki ya wis ora duwe pacar ta!
Tuku apa wae, kok nganti ora duwe tenan?"
"Lha
sing dinggo mangan neng omah? Sing ditinggalke wong omah? Sing dinggo mangkat
rene meneh?"
"Alah! Pol-pole mung butuh 300 ewu ta!"
"300 ewu kuwi nak ora duwe tenan arep
piye?"
"Lha ya! Kok nganti ora dhuwe kuwi sebabe
apa? Kowe kan ya nyambut gawe! Bayaranmu ya wis gedhe. Neng kene urip dhewe.
Ora direpoti sapa-sapa. Dhuwit kuwi nyang endi? Oleh THR barang ta,
mesthine!"
"Entek Gus. Blas ora nyekel tenan saiki. Nak
kowe dhuwe turahan, mbok aku disilihi."
"Perkara nyilih kuwi urusan mengko. Sing
penting, saiki dhuwitmu kuwi entek dienggo apa wae?"
"Tak enggo nyaur utang."
"Utang apa?" "Utangku karo
kantor."
"pira?"
"pitung yuta. Lagi tak saur limang
yuta."
"Utang kanggo butuh apa?"
"Ya ndhek jaman isih gandheng Wulan
kae."
"Hehh! Oalah, Mbang, Bambang."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar