SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama yaiku sastra tembang utawa kidung jawa
karya Mangkunegaran IV Wedhatama kang artine tulisan utawa karya, wedha kang
artine ajaran teman (keutamaan/utama) wedhatama yaiku ajaran luhur kanggo
mbangun budi pekerti kang olah sepiritual kanggo kalangan raja-raja Mataram,
nanging dipiwulangake kanggo sinten ke mawon ingkang purun nyinau. Puncakipun
“laku” spiritual kang diajarake serat wedhatama yaiku nemoke kahuripan kang
sejati, luwih mangerteni awake dhewe, manungsa kawula Gusti.
Macapat saking tembung maca ‘membaca’ lan pat ingkang
dados mat tegesipun ‘irama, metrum, tembang’. Macapat saking tembung ma+ capat,
capat gegayutanipun kaliyan tembung cepet tegesipun ‘cepat utawi segera’
Macapat saking tembung maca+pat. Tembung pat saking tembung papat ‘empat’
Macapat ugi saking jarwodhosok, maca+sipat, inggih punika
maca sipat utawi watakipun manungsa
Macapat yaiku dhapukaning basa mawa paugeran (guru
gatra,guru wilangan lan guru lagu) tinamtu lan anggone maca kudu dilagokake
nganggo kagunan swara.
a.
Guru gatra : cacahing
gatra (ukara/larikan) saben sapadha
b.
Guru wilangan :
cacahing wanda saben gatra
c.
Guru lagu : unine aksara ing wanda pungkasan saben gatra
Paugeran tembang macapat iku kebagi dening guru lagu, guru
wilangan, lan guru gatra.
|
No |
Asmaning Sekar |
Guru Lagu lan Guru
Wilangan |
|||||||||
|
I |
II |
III |
IV |
V |
VI |
VII |
VIII |
IX |
X |
||
|
1 |
Pocung |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
|
2 |
Maskumambang |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
|
3 |
Megatruh |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
|
4 |
Gambuh |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
|
5 |
Kinanthi |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
|
6 |
Mijil |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6u |
|
|
|
|
|
7 |
Durma |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
|
8 |
Asmaradana |
8i |
8a |
8e/8i |
8a |
7a |
8u |
8u |
|
|
|
|
9 |
Pangkur |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
|
10 |
Sinom |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
|
11 |
Dhandhanggula |
10i |
10a |
8e/8i |
7u |
9i |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
Jinising tembang, Makna, Watak lan Gunane Tembang
|
No |
Jinising tembang |
Makna |
Watak |
Gunane |
|
1 |
Pocung |
Nggambarake mayat mulai di pocong. |
Sasenenge |
medhar rasa sakepenake, ora tenanan |
|
2 |
Maskumambang |
Nggambarake masa anak-anak |
susah, nelangsa, prihatin, kelara-lara |
nggambarake rasa sedih |
|
3 |
Megatruh |
Nggambarake masa
kematian, pisahnya roh dan jasad |
susah, sedih, keranta- ranta |
medharake rasa sedih, keranta-ranta, gela |
|
4 |
Gambuh |
Nggambarake kematangan jiwa |
lugas, blaka, tanpa ragu2 |
medharake rasa paseduluran,lan tulusing ati |
|
5 |
Kinanthi |
Nggambarake mulai hidup
berumah tangga |
gembira, mesra |
paring pitutur uga
medharake rasa trena asih |
|
6 |
Mijil |
Nggambarake
kelairan bayi |
trenyuh, kepilut, gandrung |
medharake raos trenyuh kapiliut tresna asih lan pitutur |
|
7 |
Durma |
Nggambarake masa tua telah mundur |
nesu, sereng muntap |
sesorah kang sereng, perangan nalika tantangan |
|
8 |
Asmaradana |
Nggambarake masa remaja
yang mulai jatuh cinta |
sengsem, susah, prihatin
amerga asmara |
medharake rasa susah lan kasmaran |
|
9 |
Pangkur |
Nggambarake masa lanjut usia |
gagah, greget sereng |
kanggo paring pitutur |
|
10 |
Sinom |
Nggambarake masa muda (remaja) |
seneng, gembira, mencutaken prasaja |
nggambarake swasana kang sigrak, semanak |
|
11 |
Dandhang Gula |
Nggambarake masa pernikahan awal |
manis, luwes, sengsem |
medharake swasasna apa bae |
Carane gawe tembang macapat
a.
Temtokna lan tulisen
ngegani gagasan apa sing arep digawe tembang.
b.
Temtokna tembang apa sing arep digawe, apa pangkur, apa maskumambang lan liya-liyane.
c.
Tulisen guru gatra, guru
wilangan lan guru lagune tembang pangkur.
d. Gawea ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.
e. Tlitinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang mbok gawe mau, kudu jumbuh karo paugerane tembang sing mbok gawe.
Carane negesi tembang
macapat
a.
Milih salah siji tembang kang arep ditegesi
b.
Golekana tegese
saka
tembung-tembung angel kang ana ing
sajroning tembang
c.
Sawise nemu kabeh tegese, banjur ditegesi
saben gatra (larik)
d.
Yen uwis banjur ditegesi sacara umume (intine saka tembang kuwi mau)
e.
Banjur dijupuk dudutan kang
bisa dianggo patuladhan
Tembang pangkur
3 5 5 5 5 3 3 3
ming - kar ming-kur-ing ang-kara
3 5 5 6 1 1 1 1 2 3 3
ang-ka-ra-na ka-re-nan mar-di si-wi
5 6 i i i i 2̇̇ ͜ 3̇̇ 2̇̇ ͜
isi-na-wung res-mi neng ki-dung
i 6 5 5 5 5 3 ͜ 5
si-nu- ba si-nu- kar-ta
3 5 6 5 3 1 1 1 1 2.͜1.͜2 3 3
mrih-kre tar-to pa- kar- ti- ning il- mu lu- hung
5̣ 6̣ 1 1 1 1 1 1
kang tu- mrap ing ta nah ja wa
1 2 3 1 2 3 3 ͜ 2 1
a- ga- ma a- ge- ming a- ji
Arti tembang macapat pupuh pangkur
Ngedem nepsu angkara ana ing awak, pengen ndidik anak anake, katulis ana
ing endahe tembang, ditata kanti endah, supaya dadi ngelmu kang luhung, kang
digunakake ana ing tanah jawa ana ing agama kang dadi rasukane kauripan.
Tembang Sinom
5 6 1̇̇ 1̇̇ 1̇̇ 1̇̇ 1̇̇ 1̇̇
Nu-lad-a la-ku u- ta- ma
1̇̇ 2̇̇ 2̇̇ 7 1̇̇ 2̇̇ 2̇̇ ͜1̇̇ 1̇̇
Tu- mra-be wong ta- nah Ja- wi
1̇̇ 2̇̇ 2̇̇ 2̇̇ 1̇̇ 6 6 5 4
Wong a- gung ing ngek- si gan- da
4 4 4 5 4 2 1 2
Pa- nem-bah- an Se- no- pa- ti
4 5 5 5 5 4 5 6
Ka- pa- ti a- mar su- di
4 4 4 4 4 5 4 2 4 5
Su- da- ning ha- wa lan nep su
2 4 4 4 4 4 4
Pi- ne- su ta- pa bra- ta
4 4 4 5 4 2 1 2
Ta- na- pi ing si- yang ra- tri
2 4 4 6 , 5 5 5 5 56 54 2 45
a- me- ma- ngun kar- ye- nak tyas- ing se- sa- ma
Arti tembang macapat pupuh Sinom
Filosofis : nggambarake wong kang isih enom. Pemudha/pemudhi seneng
sesrawungan, kekancan, lan golek kanca. Pralambang : nggambarake wong kang wis
jejaka / kenya “remaja”.
Pangertene lan maknane tembang
Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku
nggambarake mangsa nalika wis
dipocong utawa mati. Watake
sembrana, sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal lali
ing sakabehe, turune sakepenake. Kabeh
gumantung marang sanak sedulur
kang ngrukti. Ing kene duwe pangerten
lamun tembang pocung iku
nggambarake manungsa iku lamun
wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kuwasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake.
Watak tembang Pocung
Watake tembang Pocung iku
sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake
bab -bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot
cangkriman utawa banyolan (crita kag ngguyokake).
Wos kang kamot ing tembang
Pocung (Wedhatama)
·
Serat Wedhatama ngajarake
supaya manungsa iku bisa ngendhaleni
angakara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora di kendhaleni bakal nuwuhake prakara. (angkara gung
neng ongga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda).
Beda maneh karo wong kang
wis menep rasane gelem menehi
pangapura marang liyan, sabar,
iku bakal ndadekake swasana dadi seneng (beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama,
sesamane bongsa sisip, sarwa sareh saking mardi martotama).
·
Ing perangan liyane
Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu
luhur. Diandharake lamun wong kang
kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula iku kang kan ggo garan
para satriya luhur biyen iku ana telung prakara,
yaiku ikhlas, sabar, lan nrima mring Gusti (basa ngelmu mupakate lan panemu, pasahe
lan tapa, yen satriya tanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara//
lila lamun kelangan nora gegetun, t rima ye n
kataman, sak-serik sameng dumadi, tri legawa nalongsa srahing bathara).
Tembang Gambuh
7 2̇̇ 2̇̇ 2̇̇ 2̇̇ 7 2̇̇ ͜ 3
Sa- meng ko- ing- sun tu- tur
3 2̇̇ 7 6 72̇̇2̇̇ 2̇̇ 7 2̇̇ ͜ 3
Sem- bah ca- tur su- pa- ya lu- mun- tur
6 5 3 5 ͜6 6 6 6 6 7 5 3 2
Dhi- hin ra-ga cip-ta ji-wa ra-sa ka-ki
5 6 6 6 7 5 6 7
Ing ko- no la- mun ti- ne- mu
7 2̇̇ 3 2̇̇ 7 6 5 ͜ 6
Tan- dha nu-gra ha ning Ma- non
Filosofis :nggambarake nalika matenge jiwa,
antaraning cipta rasa karsa lan karya kang jumbuh. Bisa nyeimbangne antarane
kebutuhan lahir lan batin. Pralambang/ arti : nggambarake pitutur, kang nduweni
maksud ing wayah iki seneng menehi pitutur.
Serat Tripama
Pupuh Dhandhanggula
Serat Tripama
yaiku sastra tembang utawa
kidung jawa karya Mangkunegaran IV. Tri duweni teges telu, pa tegese
patuladhan, dene ma tegese
utama. Serat tripama iku ditulis ing tembang dhandhanggula kang duweni 7 pada,
kang nggambarake katuladhanan Patih
Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna, lan
suryaputra (adipati karna).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar