Wayang
Ramayana (Resi Jatayu)
Wayang
yaiku seni pertunjukkan asli Indonesia ingkang berkembeng wonten ing pulau Jawa
lan Bali.
Tembung
Ramayana asale saka basa Sanskerta Ramayana; sing asale saka tembung Rama lan
Ayana sing tegese “Lelakone Rama”. Dadi ing Ramayana iku sing dicritakake
lelakon Rama wiwit cilik nganti tekan tuwane.
Kanggo mangerteni isi
sawijining crita iku bisa ditindakake kanthi maca kang permati crita kasebut.
Sawise rampung maca kajaba bisa mangerteni isine uga bisa menehi tanggapan.
Crita manuk Jatayu iku
nggambarake apa kang kudu ditindakake dening wong kang kekancan. Kekancan sing
apik iku, antarane sing kekancan kudu bisa andum rasa pangrasa. Seneng lan
susah kudu padha dene ngrasakake. Nalika kanca mbutuhake bantuan ya kudu
dibantu. Semono uga nalika kanca seneng-seneng, kancane uga kudu diajak seneng.
Ing ngisor iki video Gambaran crita wayang Ramayana (Resi Jatayu)
Langsung wae wacanen wacan ing ngisor iki lan supaya luwih mangerteni crita babagan Ramayana (Resi Jatayu).
Resi Jatayu salah sawijining paraga
ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak
wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni
jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri.
Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena disimpulake yen
Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.
Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku
Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi
enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku
bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi
Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora
tega krungu tangise Dewi Sinta.
![]() |
| Resi Jatayu |
Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka
pancekele Rahwana. Ananging tangani Rahwana nggegengi kuat tangan Sinta. Sinta
ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah. Resi Jatayu
kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa, amarga Prabu
Dasamuka duweni Aji Rawarontek dan Pancasona ingkang ora bisa
dikalahake. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu
akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah.
Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung
golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas
Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama
age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu
sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane
yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati.
Gambar kajupuk saka
https://www.google.com/search?q=resi+jatayu&client=opera&hs=NQc&source=lnms&tbm=isch&sa=X&ved=0ahUKEwjB9IOF64jiAhWB63MBHQYCD0wQ_AUIDigB&biw=1321&bih=615#imgrc=Usn_3cEo2iu3FM:


Matur nuwun Mbak 😊
BalasHapusinggih mbak
Hapusmatur nuwun kagem ilmune
BalasHapusinggih mbak
HapusSungguh bermanfaat, terimakasih kak
BalasHapusiya kak
HapusBagus sekali materinya mbak
BalasHapusterimakasih kak
Hapus👍👍 bisa menambah wawasan aku dan mengingat mata pelajaran jaman smp 😊
BalasHapusSangat berguna sekali untuk pengetahuan pembaca.. Saya tunggu yaa mbak postingan selanjutnya.. Mantap
BalasHapusaalhamdulillah terimakasih kak
Hapusiya kak
Terima kasih, dapat menambah referensi bacaan bahasa jawa
BalasHapusalhamdulillah
HapusBagus mbak, bisa dijadikan bahan ajar siswa SMP dan SMA. Ditunggu postingan selanjutnya, sukses selalu 👍
BalasHapussiap kak
HapusBagus sekali materinya lengkap terima kasih
BalasHapusalhamdulillah, terimakasih kak
HapusBagus, tp kurang berwarna kak untuk tampilan blognya😸
BalasHapusBagus, tp kurang berwarna kak untuk tampilan blognya😸
BalasHapusCeritanya bagus kak, saya suka😍
BalasHapusSae 👍
BalasHapus👍
BalasHapusMantap slur
BalasHapus